Ø Amuji
ingsun marang Pengiran, Ingkang maringi marang ganjaran
Ø Ing
kawulane kang nurut perintah, Serto ngedohi ingkang cinegah
Ø Kang
nikso marang wong kang duroko, Den jeguraken jero neroko
Ø Uleh
e ganjar lawan fadhol e, Uleh e nikso lawan adil e
Ø Ora
kok wajib ganjar lan nikso, Atas Pengiran miturut kerso
Ø Rahmat
lan salam ingkang sampurno, Selagi jagat durunge sirno
Ø Mugo
tetepo ing kepalane, Wong kang ngabekti ing pengirane
Ø Gusti
Muhammad panutan kito, Kasihe Allah kelawan nyoto
Ø Lan
mugo tetep marang wargane, Lan sohabate sekabehane
Ø Lan
wong kang anut ing agamane, Sekabehane lanang wadone
Ø Sak
wus e ingsun moco Bismillah, Serto bakdane muji ing Allah
Ø Serto
bakdane moco sholawat, Ing Kanjeng Nabi warga sohabat
Ø Mongko
tatkolo ingsun ningali, Wong iki mongso akeh do lali
Ø Ing
Pengirane ingkang maringi, Sandang lan pangan rino lan wengi
Ø Lan
paring nikmat liya liyane, Dak nono weruh wewilangane
Ø Pengiran
paring neng iki mongso, Nikmat kang agung marang menuso
Ø Asale
pudak dadi merdiko, Dak gelem syukur malah duroko
Ø Tandane
akeh katingalane, Wong kang ngelakoni doso gedene
Ø Terang
terangan semoto-moto, Ora neng deso ora neng kutho
Ø Mongko
akeh e wong podo ngerti, Larang-larangan kang sangking gusti
Ø Mulane
ingsun gawe pengiling, Ning awak ingsun kang lagi (m)beling
Ø Kelawan
syiir supoyo demen, Moco kelawan khatam
dak bosen
Ø (m)Bok
menowo dadi dalane, Iling pengiran lebar macane
Ø Jalaran
weruh ing ceritane, Ikilah syiir werno wernone
Ø Ahli
suwargo ahli neroko, Nuli atine demen merdiko
Ø Kelawan
tetep dunyo akhirat, Banjur anjungkung nglakoni toat
Ø Arane
syiir “Sekar Cepaka”, Sebab den gawe mongso merdiko
Ø Mugo
pengiran paring manfaat, Ikilah syiir dunyo akhirat
Ø Ing
wong kang moco lanang wadon e, Lan wong kang kerungu demen atine
MUQODDIMAH
Ø
He,
Sedulurku lanang wadon, Ilingo pati rino wengine
Ø Sabab
manuso lamun dak iling, Marang patine kaperahe beling
Ø Ibada
taubat den sumayani, Bisok rambute yen metu wane
Ø Becik
weruho patitekane, Iku dak nganngo wates mangsane
Ø Tuwo
lan anom pantes karone, Menuso kabeh mesti matine
Ø Senajan
delik neng endi gone, Temtu konangan marang patine
Ø Ing
hale pati yen wus nekani, Iku dak keno den sumayani
Ø Senajan
sugih jaduk tur gagah, Iku dak bakal pati kok wegah
Ø
Mulane
sira becik dang luru, Sangune pati aja keliru
Ø
Sangune
pati iku dak nana, Liyane amal bagus sampurna
Ø Shohabat
Umar dawuh mengkene, Ning buri iki mungguh rupane
Ø Becik
ngakehno sira ing thoat, Marang Pengiran aja maksiyat
Ø Pupung
isih anom kanggo sangune, Besok yen tuwo apes badane
Ø Pupung
sih waras lah badan ira, Kanggo simpenan nalika lara
Ø Ngakehno
sidqoh nalika sugih, Kanggo jagani yen lebar kabeh
Ø Nalika
legan kebat nandangi, Ngakehno amal kanggo cadangi
Ø Mangsane
repot golek ingone, Anak lan bojo sartho liyane
Ø Para
sedulur becik betahno, Sarana sabar sartho quwatno
Ø Sira
netepi ing agamane, Allah Ta’ala kang sak temene
Ø Neng
iki zaman pancen padane, Wong gegem mawa panas rasane
Ø Rumangsa
buntu angel dalane, sabab dak cocok hawa nafsune
Ø Yen
barang ala banget gampange, Hawa nafsune temtu senenge
Ø Jalaran
cocok pikarepane, Mula ya akeh wong kang ngelakoni
Ø Sabab
suwarga iku dalane, Den kepung kepung ing getingane
Ø Neraka
iku kabeh dalane, Den kepung marang kasenengane
Ø Mula
kangelan ule nyegati, Wong ingkang karep demen ngeliwati
ANNARU
ü Jibroil
suwan ana ngersane, Gusti jeng nabi siji mangsane
ü Gusti
jeng nabi dawuh mengkene, He Jibril becik sira mertani
ü Marang
sifate neroko iku, Kelawan terang ana ngersaku
ü Matur
Jibril iku mengkene, Allah Ta’ala niku anggone
ü Damel
neraka niku latune, Den urubaken sewu tahune
ü Abrit
merngangah kantos rupine, Latu neraka niku mangsane
ü Den
urubaken malih latune, Ing sewu tahun malih dangune
ü Kantos
ketingal pethak rupine, Den urubaken malih dangune
ü Menika
latu sewu tahune, Kantos ketingal cemeng rupine
ü Sanget
petenge katingalane, Saha tan nata pejah mawane
ü Jahannam
iku akeh ulane, Lan kalajengkeng kelabang gedene
ü Pada
lumayu ahli neraka, Sangking wedine nanging tumeka
ü Neraka
maneh panggonan siksa, Lamun kacekel ula rekasa
ü Jalaran
ula niset lambene, Sartho kulite teka kukune
ü Dak
bisa nyingkir wong kang cilaka, Kang pada jegur jero neraka
ü Sangking
ulane liyane ngalih, Neraka liya ya lara maneh
ü Jibril
den utus kapureh teka, Ing malaikat juru neraka
ü Perdhu
kapureh jaluk genine, Den paringake Adam nabine
ü Perdhune
geni den gawe masak, Ing panganane supaya enak
ü Ing
kono Malik takon mengkene, He Jibril piro kiro-kirone
ü Sira
ngalap marang genine, Jawabe: pada tamar gedine
ü Malik
mangsuli maneh mengkene, Den Parid ingsun paring genine
ü Neraka
iku kira-kirane, Sak tamar geni mungguh gedine
ü Temtune
ajur dadi awune, Bumi lan langit sekabehane
ü Jalaran
sangking panase geni, Ing kono Jibril jawab mengkene
ü Sak
iki ingsung jaluk padane, isine tamar bahe gedine
ü Jawabe
Malik lamun ingsun, Nguwehi geni pada bok suwun
ü Temtu
dak bisa turun banyune, Langit sak tetes ana bumine
ü Lan
ora tukul sekabehane, Tandur-tanduran ana bumine
ü Bareng
mengkono nuli Jibroil, Anyuwun pirsa neng iku musykil
ü Marang
Pengiran kang ngudaneni, Kira-kirane le ngalap geni
ü Nuli
Pengiran dawuh mengkene, Becil ngalapo Jibril padane
ü Semute
pudak sangking genine, Jibril miturut apa kersane
ü Nuli
angalap marang genine, Sak semut pudak mungguh gedene
ü Nuli
den celup ana bengawan, Lawan ping pitungpuluh ambalan
ü Nuli
den gawa teka ngersane, Jeng nabi Adam mahu genine
ü Nuli
den seleh neng duwur gunung, kang luwih duwur sarana agung
ü Ing
kono gunung sak nalika, Ajur lah bubuk dadi awune
ü Rehneng
mengkono mahu genine, Den balik ake neng panggonane
ü Kang
kari iku namung kukuse, neng watu-watu sartho neng wesi
ü Dadi
asale geni dunyane, kang tetep isih lah sak ikine
ü Iku
mung sangking kukuse geni, Neraka semut pudak gedene
ü Becik
ilingo para sedulur, Piye rasane yen kadung jegur
ü Atawa
kobong marang genine, Neraka ingkang isih tulene
ü Apa
ya kuwat kira-kirane, Lamun kobong geni dunyane
ü Inghale
namung sangking kukuse, Temtu dak kuwat sangking panase
ü Enteng-entenge
mungguh siksane, Neraka iku ngene rupane
ü Ya
iku wong ingkang den goni, Gemparan loro kang sangking geni
ü Sangking
panase lah gemparane, Kasi do umub utek padane
ü Umube
banyu ana ing kendil, Temtu matane pada mecicil
ü Tangga-tanggane
pada kerungune, Umube utek ing swarane
ü Katon
merngagah dadi mawane, Apa lambene sartho gusine
ü Pating
sereweh kukus metune, Sangking wado e delamaane
ü Wong
kang den siksa ngunu rupane, Iku duweni tekod atine
ü Rumangsa
banget mungguh siksane, Nanging beneri enteng diwine
ü Siksa
kang banget piye rupane, Sartho kepriye mungguh rasane
ü Mulane
becik dang podo iling, Dang podo mari ulihe beling
ü Becik
dang podo ngelakoni taubat, Pupung nyawane durung do melumpat
ü Supaya
sira bisa selamet, Geni neraka dak sido nyumet
Tidak ada komentar:
Posting Komentar